Geguritan Bahasa Jawa "Eling lan Waras"

Geguritan Bahasa Jawa dengan judul Eling lan Waras

Geguritan Bahasa Jawa "Eling lan Waras"
Eling lan Waras
(Budi Prasetyo)
Saben nonton pawarta ing televisi
maneka warna nganti bingung anggone mikir
nek pawarta sing digiyarake merak ati
pancen nentremake lan gawe bungah
ning nek ana siyaran perkara kriminal
eh... atiku miris banjur nggedumel
"Adhuh-adhu...h jaman kok kaya ngene
kaya-kaya aturan paugeran ora digugu maneh
nyawa ora ana regane
sipat kamanungsan wis ilang saka jiwane
tega milara sapadha-padha
gedhene pati
mulane sing isih eling lan waras
luwih becik lan prayoga padha ngugemi
tuntunaning agami
uga ora lali mituhu lan nindakake pranata negari
(Sumber : Panjebar Semangat, No 29-16 Juli 2016)

Analisis Geguritan Eling lan Waras
Geguritan ini menceritakan tentang seseorang yang sedang melihat televisi, dimana terdapat kabar atau berita. Ada berita yang membuat senang dan ada yang membuat sedih, terutama berita tentang kriminal. Berita Kriminal yang menurut pengarang sudah hilang akal sehatnya dan seakan-akan nyawa seseorang tidak ada harganya lagi. Disini pengarang memberikan amanat kepada pembacanya untuk selalu ingat akan aturan negara dan aturan Agama.

0 Response to "Geguritan Bahasa Jawa "Eling lan Waras""

Post a Comment