Geguritan Bahasa Jawa "Cidra"

Geguritan Bahasa Jawa dengan judul "Cidra" karya dari Soewardi Baroto Martomo, geguritan ini pernah dimuat di majalah Panjebar Semangat, edisi 29-16 Juli 2016.

Geguritan Bahasa Jawa "Cidra"
Cidra
(Soewardi Baroto Martomo)
saben lingsir surya
ocehing kukila wus mendha
endahing swasana, gumantos ratri
wahyaning mangsakala, duk ing uni
ambabar rasa tresna
rinangkul angga, myang asta
dadiya bagiya minulya satuhu
imbaning mustikane kalbu

bagaskara jumedhul gumuyu
amung sacandra tekamu
rina lan wengi
ora bakal lali
tresnamu tan bisa tumama
oncat ing rasa kulina

mabukuh..., anggamu
anelakake pedhoting asihmu
rasa iki tan bisa suwala
tangising asmara
ana ing bangku wiyata
nora bisa pulih, kaya kang kawuri
ana ing ngarsaning Gusti

0 Response to "Geguritan Bahasa Jawa "Cidra""

Post a Comment