Asal Usul lan Filosofi Wayang Panakawan (1)

Panakawan
Asal Usul lan Filosofi Wayang Panakawan (1)
Wayang kulit purwa mujuciake salah siji jinisé wayang sing diduweki bangsa Indonesia. Kejaba wayang Purwa, isih tinemu wayang jinis Iiyane kaya ta wayang Beber, wayang Gedhog, wayang Madya, wayang Golek, wayang Krucil (klithik) lan wayang kreasi anyar liyane. Upamane wayang Babad, wayang Pancasila, wayang Dupara lsp iku kasunyatane sipate mung temporer (mung sauntara wektu) utawa ora bisa lumaku kanthi suwe (ora langgeng) lan kurang bisa mekar ana tengah-tengahe masyarakat, saengga banjur ilang tanpa ana tabete. Beda yen ditandhingake karo wayang kulit sing nduweni nilai-nilai historis, filosofi, lan pedagogis (pendhidhikan) sing jero, saengga bisa kuwawa anjrah lan lestari ana satengah-tengahe bebrayan.

Wayang kulit purwa kang mujudake salah sijine budaya adiluhung sing wis nggayuh tataran paling dhuwur dhewe (puncak) gegayutan karo nilai etis lan estetis sing umume disebut kanthi seni kiasik. Nilai adiluhung-e wayang kulit purwa dumadi jalaran saka para Seniman jaman kawuri anggone tansah golek kupiya kanggo nyempurnakake ana ing maneka aspek kesenian iku sing ditindhakake saka wektu nyang wektu candhake lan saka generasi siji nyang generasi bacute ing wektu sing dawa lan wis diuji dening lumakune jaman.

Daya tarike wayang kulit purwa pancen banget nengsemake, saengga sangsaya suwe disawang lan dinikmati ora mboseni, nanging sangsaya narik kawigaten lan nengsemake.
Ing kesenian wayang kulit purwa iki akeh ditemoni maneka werna jinis kesenian kang bisa dinikmati secara bebarengan, kayata seni widya (filsafat lan pendhidhikan), seni drama (pentas lan karawitan utawa musik), seni ripta (sanggit lan kasusastran), seni gatra ( seni tatah lang sungging), lan seni cipta (konsepsi lan penciptaan — penciptaan anyar). Anasir-anasir saka seni ing sajroning wayang kulit purwa iku tansah nyengkuyung lan mepaki siji karo sijine, saengga ora nggumunake maneh yen wayang kulit purwa bisa tansah momot lan madhahi maneka werna aspirasi.
 
Adhedhasar saka sejarahe, anane wayang kulit purwa ing Indonesia wis bisa dikandhakake sauntara suwe. Miturut buku “Kagunan Jawa/Ringgit Purwa” anggitane Raden Mas Mangkoedimedjo, abdi dalem Kapujanggan ing Kraton Ngayogyakarta, Wayang Purwa iku yasane para Wali ing Krajan Demak Bintara. Anggitane mangkono iku nganti saprene ora ana sing maido benere. Dadi lan cethaning keplase anggitan sing bener iku, apa maksude para Wali yasa Wayang Purwa iku ora liya minangka piranti sing ampuh kanggo nyebarake utawa nggiyarake piwulang agama Islam ing wewengkon krajan Majapahit.
 
Majapahit iku mujudake krajan Hindhu-Jawa. Kanthi mengkono wayang purwa iya wayang Hindhu-Jawa iku rikala jaman semana karan Wayang Beber. Iku padha karo wayang “statis” (mati). Jer wujude mung sarwa gambar pepethane para manungsa-wayang ana ing mori (lawon) putih, sarwa pepathan adegan mbaka adegan saben lakon wayang, sing panyimpene ing kothak srana digulung morine mau siji-siji, saadegan mbaka saadegan. Banjur saben adegan sing kudu metu ing lakone, lagi wae gulungan morine dibeber utawa digelar dipitontonake lan dicaritake dening Mpune, yaiku kadidene dhalang tumraping wayang kulit. Iya saka kono iku mula bukaning Wayang Purwa Jawa-Hindhu sing karan Wayang Beber. Lan iya saka kono iku asal usule mitontonake Wayang Purwa yasane para Wali nganti tekan seprene isih sok karan “pagelaran” wayang kulit. Jer pola bakune iku iya pancen wayang Beber, wayang “statis”kae mau, sing “urip” mung ana ing critane Mpu utawa dhalange. Nadyan cetha kaya mengkono thok kahanane Wayang Beber iku, ewadene iya ora kurang cetha kanyatane Wayang Beber iku olehe banget dikaremi lan banget pinuja-puji dening masyarakat ing sadhengah papan.
 
Ngawuningani kanyatan sing mangkono iku kanthi waspadha ing panggraita. Para Wali tumuli jumangkah maju ing kawicaksanan, kanthi ambesut Wayang beber iya Wayang Purwa Jawa-Hindhu sing pindha wayang mati kuwi, dibesut lan diundhakake aji lan mutune dadi wayang sing ‘dinamis” utawa pindha “urip” iya Wayang Purwa Jawa-Islam sing digawe saka bahan kulit kebo utawa sapi sing katelah kanthi aran Wayang Kulit nganti tekan saiki, sawise karya ambesut iku mau diunggahake (ditingkatke) dening para Nata Mataram Islam, Sultan Agung Hanyakrakusuma mirunggane.
 
Apa sing padha ora ana ing asline Wayang Beber malah sekawit saka babon pakeme pisan yaiku epos-epos Hindhu kayadene Mahabharata, Ramayana, Harjunawiwaha, Baratayuda, iku banjur dianakake dening para Wali ing Wayang Kulit. Antara liya yaiku pawujudane “Panakawan” sakiprahe pisan.
 
Lagi anane Panakawan mirunggan ing Wayang Kulit iki wae wis bisa nuduhake yen Wayang Kulit iku bakune sekawit mirunggan kanggo piranti nggiyarake ajaran agama Islam alias kanggo piranti dakwah, tablig mencarake piwulang agama Islam ing wewengkon kraton Majapahit.
 
Tembung “panakawan” dudu punakawan, miturut kahanane saiki, iku iya basa Jawa, ning ora asli. Jer asale saka basa Arab “fana”+ ‘a wan’ Filologis, logatan tembung “fana”iku cara Jawane “tan rumangsa ana’ Dene cara jawane tembung “a wan” iku “kanca tunggal sagolongan’ Dene terminologis, peristilahan tembung “fana”+ “a wan” panakawan iku tegese “tan rumangsa ananing diri dadi wong sarwa pinunjul, kajaba mung minangka kanca sing kudu leladi marang para kadang nunggal golongan utawa nunggal bangsa”.
 
Laku lampah mangkono iku genah cetha saweneh saka piwulange agama Islam, kadidene sing kasarira dening Nabi Agung Muhammad SAW piyambak lan para Sahabate R.A.H saka para ulama Salafus kuno sing padha sholeh. Tegese, padha konstruktif sugenge ambangun kabecikan umum lan promotif.

Semar
Semar
 
Semar iku mujudake paraga “panakawan” ing Wayang Kulit sing darbe anak angkat cacah telu, yaiku Nala Gareng, Petruk, lan Bagong. Sing karan panakawan iku mirunggan mung kanggo wayang golongan (simpingan) tengen. Yaiku wayang sing ana ing Al Quran surat Al-Waaqiah sinebut “ashhaabul yamiin” sing tegese para manungsa golongan tengen.
Mirunggan kanggo wayang “kiwa” (as-haahussyimaal) uga ana juru-juru ladi jenenge Togog lan Sarawita, nanging sejatine ora karan panakawan, jer mung dhapur dadi batur. Tembung aran “Togog” iku saikine iya dadi basa Jawa pewayangan, dene asale saka basa Arab: “togho” sing darbe teges “lacut”. Dadi iya wis trep yen wayang Togog iku pinacak dening para Wali “acangkem amba banget” jer kuwi kanggo aweh gegambaran wujude wong lacut, sing sajake pancen mbutuhake amba banget cangkeme. Wondene tembung aran”Sarawita” kuwi asale saka basa Arab “insarayat” sing cara Jawane “andon laku ing pepeteng” Lha soale, endi ana “ash-haabussymaal”: wong-wong golongan kiwa sing “laku ngiwa” kok ora milih sing peteng-peteng kanggo tatalakuning ngauripe.
 
Bali ngrembug bab Semar. Budipakarti sing aran atingkat “panakawan”lan kasebut ing ngarep iku mau jan uga wis kasarira dening wayang Semar dhewe. Jer, senajan Semar iku sajatine malah “Dewa” sing uga kadang sepuhe Bathara Manikmaya iya Bathara Guru, ratuning para dewa, nanging Semar babarpisan ora ngrumangsani. Kajaba kuwi malah mung rumangsa dadi “a wan” Dadi kanca nunggal sagolongan karo para titah ing marcapada, sing Semar malah rumangsa kudu ngladeni. Tembung aran Semar iku saka basa Arab-Jawa. Tegese, tembung asal Arabe “ismar” sing dening lesan Jawa owah dadi “semar”. Sajake pancen wis watake lesan/dialeg Jawa yen ngucapake tembung-tembung basa sing apurwa wanda “is” iku adhakane mesthi owah dal “Se”. Tuladhane tembung “Iskak” owah dadi “Sekak”. Tembung Istambul owah dadi “Setambul”, tembung “Istijab” owah dadi “Setijab” Tembung “Ismangun” owah dadi “Semangun”.

Anane tembung Arab “ismar” kang owah dadi “semar” iku cara Jawane “paku”. Ana ing wayang kulit purwa Jawa-Islam kaya katur ing ngarep, paraga Semar iku miturut keparenging para Wali sajak pancen didadekake pasemoning piwulang agama Islam sing wis kasarira dening para wali ing sagunging pribadine nganti lir kadya “paku pikukuh” pigunane ing wewengkon kraton Majapahit, saengga mahanani tata titi tentrem ayem ayom ayoming negara lan para kawula dasih.

Sejarah nyathet wiwit jamane Prabu Jayanegara nganti tekan ing jamane Prabu Brawijaya V, krajan Majapahit kena diarani tansah tuwuh era-eru lan ora nate tentrem. Yen ora dening intrik tumindak subversif (pemberontakan) sakehing manggalaning praja ing njeron Baluwarti dhewe ing antarane pemberontakan saka Nambi, senapati Kuthi lan Rasemi, uga saka njaban baluwarti sing sehing-sinehing. Nganti lenggahing kraton Majapahit Iku pindha glethaking blabag sing oglak-aghik tansah gojang ganjing nganti mahanani poyang payingane para narapraja lan kawuha sing tanpa pepindhan. Nanging bareng sawenehing putri Kraton majapahit kepareng didhaup dening Maulana Rahmat sing iya putra nata ing krajan Cempa (saiki Vietnam), banjur Prabu Brawijaya V marengake Kangjeng Sunan Ampel iku kanthi bebas nggiyarake piwulang agama Islam ing wewengkon Majapahit, lagi wae lenggahing krajan majapahit klakon anteng tentrem ayem lir kadya glethaking blabag oglak-aglek sing nuli “dipaku” kanthi kukuh bakuh.
(Sumber Panjebar Semangat No. 21-21 Mei 2016)

0 Response to "Asal Usul lan Filosofi Wayang Panakawan (1)"

Post a Comment