Cerkak Bahasa Jawa "Dhondhong"

Dhondhong
(Dening : Sukip Djunairi)
Cerkak Bahasa Jawa Dhondhong

Omah kidul dalan kulon gerdhu panjagan iku wis katon regeng, dhayohe lunga teka gilir gumanti mung arep mertakake lan mangayubagya warga anyar. Marjadi duwe bayi sing Iaire telung ndina kepungkur. Wiwit sore lampu padhang wis disumed lan klasa jembar digeIar ngebaki jogan. Bocah ciIik-cilik padha dhedhigar ana latar, jumpritan gobag sodor lan jejamuran.

Wong-wong sing jagong wiwit ndlidir. Ora antara suwe wis ana telung kalangan sing main kertu, dhomino, kertu cina lan kertu landa. Wong main kertu ing jagongan bayen sunatan utawa boyongan, ora dilarang karo bebau desa, anggere ora nekakake wong saka njaban desa. Dene sing durung oleh mungsuh lan ora niyat main kertu padha ndeleng lan main catur.
Bocah-bocah cilik-cilik gawe kalangan dhewe guyon cangkriman sabisane, kadhang uga nganyelake sing ngrungokake. Wawan bocah sing njlonet mbukani cangkriman, “Ayo coba batangen apa tegese theyong kemiling?”
“Iku sing metu neng soal uiangan semester siji wingi ta?”
“Ya, saiki batangen!”
“Anu ya, apa ya, aku lali’ wangsulane Diman. “Aku katog!”
“Gothe dhoyong didhekemi maling. Lha nek petungwang butu thili-thili? Apa hayo”, Wawan nyangkrimi maneh.
“Mbok aja angel-angel ta, Wan!” Narto nyambungi, “Wis katog aku. Petungwang butu thili-thili ki pa ya?”
“Tempe digantung neng lawang mlebu metu dithithili!”
“Ger!” guyune bocah-bocah krungu tembung dithithili.
“Wis saiki ganti aku”, Diman nyangkrimi. “Piru pakthong, sithik karsong, dhang thik mbuthong. Hayo apa hayo?”
“Ah cangkriman kok thong-thongan, kaya wong mubeng kampung nggawa kenthongan!” Arik ngomong sakecandhake. “Wis katog aku, kabeh wis katog, ya?”
“Ya...ya. ..ya! Katog kabeh wis!”
“Piru pakthog iku sapi turu gupak tlethong. Sithik karsong trasi sethithik dibakar gosong. Lha nek dhangthik mbuthong iku gedhang sethithik diimbu gendhong!” jlentrehe Diman.
Tarto sing wiwit mau ora oleh papan kalangan main banjur melu cluluk ngramekake cangkriman, “Coba tak takoni wangsulana” Apa sing pantes digawa mati lan apa sing pantes digawa urip?”
Mispan sing lungguh nyekel kertu neng mburine Tarto urun rembug, “Cah cilik-cilik kok dicangkrimi surasa tuwa apa bisa?”
“Sing ngarani surasa tuwa ki sapa, wong cangkriman ngene wae kok surasa tuwa”, Taryo mbela wangsulan.
“Lha terus apa kok sing pantes digawa urip lan mati? Ayo wedharna nek pancen ora surasa tuwa!” Mispan mbacutake guneme.
Bocah cilik-cilik padha ndongong ngenteni werdine cangkriman. Sing padha nyekel kertu jinem ngematake karo melu mikir wangsulane.
“Ngene Iho, To! Sing pantes digawa urip lan sing pantes digawa mati iku rokok!”
Wawan bocah sing pancen njlonet lan pinter iku banjur cluluk sajak nantang sing luwih tuwa nganggo cangkriman.
“Lik Tarto, Lik Mispan saiki ganti aku nyangkrimi surasa tuwa! Sapa sing menehi nyawa pitik? Hayo bingung ta kabeh?”
“Sing menehi nyawa pitik iku genah Gusti Allah!” Tarto wangsulan melu mikir mbocahi.
“Lha nek iku batangane nggih sanes cangkriman!”
Krungu cangkrimane Wawan wong-wong sing padha nyekel kertu kelu melu mikir lan coba arep mbatang.
“Kowe kok pinter bangetta, Le!” Mbah Karto nyedhaki karo ngelus-elus sirahe Wawan. “Olehmu golek cangkriman ki saka ngendl?”
“Nggih blajar, ta Mbah! Wong gampil mawon kok”
“Wis saiki enggal jlentrehna! Mesakke wong-wong sing nyekel kertu kabeh melu mikir kurang nggatekake kertune”.
“Sapa sing menehi nyawa pitik niku
nggih ponakane ta, Mbah! Ngaten mawon kok bingung!”
“Keponakane priye ta, Le?”
“Nya-Wa pitik!” Wawan tangane kaya ngulungake barang, “Iki Iho Wa pitik! Wa niku rak Siwa sami kalih Pak Dhe, lha sing nyukani niku rak nggih keponakane, ta!”
Wong sing jagong kabeh padha ngguyu lan bocah cilik-cilik tansaya cekakakan.
“He, cah Kae lho dhondhonge Mbah Sarbo sempal kabotan woh!”
Giman sing anyar katon menehi weruh bocah-bocah sing rame guyonan. Tanpa dikomando pating jranthal mlayu nggolek dhondhong sing sempal. Kari bocah loro sing ora melu merga isih ngematake main catur. Sawise tekan ngisor dhondhong, clilang-clileng ora nemokake siji wae.
Suwe-suwe Wawan sing njlonet duwe akal golek tugelan bata lan apa wae sing kena kanggo nyawati dhondhong. Genti-genten bocah-bocah nyawati nanging durung ana sing kena. Keprungu yen dhondhonge disawati wong, sing duwe omah metu karo mbengoki, “He sapa kuwi?”
Weruh sing duwe dhondhong mbengoki bocah-bocah mlayu bali menyang jagongan karo menggeh-menggeh.

“Mbah Sarbo ngoyak, Kula mlajar”, Wawan ngomong neng jagongan.
“Kana ndhelika kabeh neng mburi omah!” prentahe Giman sing wis oleh papan lungguh ngganepi kalangan anyar tilase bocah-bocah mau.
Ora antara suwe Mbah Sarbo Jagabaya dhongkol mlebu jagongan tanpa uluk salam lan banjur nyedhakl bocah sing dolanan catur karo ngujeri tangane Harno, “Kowe ya sing nyawati dhondhong kaè, nibani gentheng warung padha pecah kae!”
“Mboten Mbah! Kula mboten melu-melu kok!” wangsulane Harno karo narikk tangane saka cekelane Mbah Sarbo.
“Nek kowe ora ngakoni tak gibeng tenan kupingmu!”
“Mboten Mbah, kula kawit wau wonten ngriki dolanan catur kalih Mas Budhi niki!”
“Ngih Mbah, Harno catur kalih kula!” Mas Budhi nambahi.
“Lha iya nyawati dhondhong terus mlayu mrene, wis ngakua wae’
“Mboten, mboten! Adhuh! Adhuh”
“Atho.. .atho.,, sakit Mbah tangan kula”

Keprungu sambate Harno sing kelaran tangane di gujeri Mbah Sarbo, Giman cekekal ngadeg nyedhaki karo nyuwara sora, “Mbah mbok diculne tangane Harno! Bocah ora salah kok dikongkon ngakoni”
“Delengen kae genthenge akeh sing pecah disawati!” Mbah Sarbo mangsuli santak.
“Nek pancen kathah sing pecah kula ijoli, nanging tangane niku diculke, mesakaken”, Giman sajak ya katut nesu.
“Lho Man kowe kok nyalahne aku!”
“Genah Hamo ora melu-melu kok sampeyan gujeri”.
“Ya ben kapok! Bocah kok.,,?”
“Kok pripun? Wong tuwa dikandhani kok ora percaya” kandhane Giman’ Ngono kok kepengin diajeni uwong!”
“Kowe kok maneni aku?”
“Sing diwaneni Iki pokale, wong tuwek ora melek! Diculne apa ora? Nek ora... mungsuhe aku Har, menenga wae mengko tak jotosane!”
Krungu tembung iku Mbah Sarbo ngeculake cengkeremane. Giman pancen sajak wis duwe rasa gething. Mbah Sarbo Jan-jane tanggane tunggal pager, ning karo tangga ora semanak, lan maneh ora duwe seneng karo bocah cilik. Anake mung siji lanang saiki neng Surabaya.
Bocah clilk sing leles luru jambu ora oleh, malah jambune dlkumbah banjur didol. Iki sing marakake Giman duwe panginggit-inggit marang Mbah Sarbo.
“Sampeyan nek panggah meksa Harno, aku gantine. Ayo nek wani neng latar kana jotosan!” panantange Giman.
Mbah Sarbo ora wani wangsulan. Giman tansaya wani ngunek-unekake mumpung ana waktu sing apik. Nalika isih dadi pamong kejeme ora jamak nganti akeh warga desa ora gelem ngajeni.
“Priye wani pa priye, ayo metu jotosan!” tembunge Giman dibaleni.
“Wis.. .wis, Man? Aja diterus-terusne!” pamenggake Pak Murdi sing duwe wibawa neng jagongan.

Wong-wong ora migatekake Giman lan Mbah Sarbo, mung migatekake kertu sing dicekel. Sawise rada sauntara, Mbah Sanbo klithih-klithih metu ninggalake jagongan tanpa pamit.
Harno iku pancen keponakane Giman, mulane direwangi madoni Mbah Sarbo. Giman ngongkon Harno supaya marani bocah-bocah ndhelik neng mburi omah, merga wayahe puluran diwetokake. Sanajan mung arupa sredeg sawut tela kaspe cara desa, nanging enak rasane. Apa maneh neng pasrawungan jagongan kaya wengi iku.

Sawise dirahapi, bocah cilik-cilik padha mulih. Wong tuwa-tuwa isih nerusake anggone ngucut kertu. Mung Mbah Sarbo sing ora ngrasakake puluran sredeg sawut tela. Sing dirasakake rasa mangkel merga ora diajeni tangga gandheng pager, diwirang-wirangake neng jagongan.
(Cuthel)
Sumber : Panjebar Semanat No. 18 -5 Mel 2012
Baca Juga : Geguritan Bahasa Jawa "Eling lan Waras"

0 Response to "Cerkak Bahasa Jawa "Dhondhong""

Post a Comment