Asal-usul lan Filosofi Wayang Panakawan (2)

Wayang Nala Gareng
Nala Gareng
Miturut crita pedhalangan, tembung ‘Nala Gareng’kuwi dumadi saka rong tembung, yaiku “nala” asale saka tembung Kawi sing tegese “ati”, galih utawa khalbu, dene “gareng” asale saka garing. Dadi, tembung “nala gareng” iku tegese ati garing, cethane, ati sing tansah resik saka pepenginan-pepenginan lan nafsu kang ala. Mula wong darbeni ati sing garing iku klebu ewone wong sing utama. Utawa manungsa manungsa sing pinunjul, manungsa sing uripe tansah nengenake kabecikan lan wong sing jujur tumindake.
Ing wayang kulit purwa Nala gareng digambarake kadidene dedeg kang sarwa kuciwa (cacat) iku satemene darbe arti sing sinandi lan ora melok. Gareng mripate kera iku mujudake simbol “nyingkiri” laku panggawe ala, ora seneng nyawang barang-barang sing ora becik. Irung mlenthung nggambarake yen Nala gareng iku kepleng lair lan batine, yen atine muni ora sing diucapake uga ora, yen atine muni iya, sing metu saka lesane iya tembung iya. Tangan kiwa tekle (cekro) iku darbe simbul ora gelem njupuk barang darbeke liyan lan tansah nengenake kabecikan. Weteng mlenthus darbe simbol yen gareng sugih kepinteran. Sikil gejig (pincang) darbe simbol yen tumindake tansah ngati-ati, lathi utawa lambe mesem simbol grapyak semanak marang sapa wae lan ora angkuh. Pawakane sing mung cilik menehi gegambaran senajan wong cilik, yen tumindake becik, akhlake (budipekertine) mulia, bakal ditresnani dening wong akeh.
Ing wayang purwa, Nala Gareng iku dadi anak pambarepe Ki Lurah Semar Badranaya, pasemoning para Wali, “pakuning” katentreman Negara lan kawula dasih, iya juru dakwah, Kamangka, apa ta tugas bakune konsepsional saben juru dakwah Islamiyah iku ? Tugas bakune sing konsepsional ing tembung arane Nala Gareng dhewe. Tembung aran “nala gareng” iku saikine iya wis kadaluwarsa dianggep dadi basa Jawa. Dene asale saka basa Arab: “naala qanin” sing cara jawane “oleh “utawa “antuk’ Pas karo tugas baku sing konsepsional saben juru dakwah Islamiyah yaiku mikantuk penganut Islam saakeh akehe sing anyar.

Soal, owahing tembung Arab ana ing ucapa lesan jawa kok nganti bisa kebangeten ngono iku, kayata “riin” kok dadi “reng” prakara iki jane mono rak prakara lumrah. Miturut hukum alami tumrap lesan sawijining bangsa, yen ngucapake tetembungan basa asing, adhakane mesthi owah, nyalahi pakem utawa apa sing sabenere. Ing antarane lesan wong China (Tionghoa) upamane, yen ngucapake ukara basa Jawa “Udan udan, bligo larang regane’ iki adhakane mesthi dadi slenco :“ Udang udang, bliku larang leganeaaa” Tembung :“tinggoke,’ owah dadi ‘toloke’’ Contone basa Arab Hadlarmout ngucapake tembung Jawa “Magelang:, owah dadi “Malgaan’ Tembung aran ‘Pekalongan salin dadi “Pakalgaan’ Tembung aran “Surabaya” owah gingsir dadi “Surbaayah”.
Mula,yen lesan Jawa ngucapake wanda basa Arab “riin”. Mung owah dadi “reng” wae, iki rakjeneng lumrah banget. Malah ana liya-liyane maneh owah owahan sing jan rada kebangeten, ning iya isih kalebu lumrah yen lesan dudu santri sing kulina ngucapake ukara-ukara Arab: “Laa khaula wa laa quwwata illa billah’ owah dadi dialeg ilat Jawa ‘Wolo-wolo kuwato llo bilah”Ukara Istiqfar: “Astaghfirullahaahal Adzihim” owah pangucape dadi “Setajprihar ngaliiim’’. Malah ana dhek jaman kawuni, sawijining pniyayi kraton Ngayogyakarta yen ngendikakake araning tuan Residen “Schemissaert”, owah pangucape dadi tuan Residen “Simesret”. Jenenge Residen Kedu (Magelang sakiwa tengene) arane “Van Bevervoorde” owah pangucape dadi slenco. “Kang Bimokurdha’ Jeneng Gubernur Jenderal “Jan Pieterszoon Coen” owah dadi “Murjangkung”. Jenenge Mayor “Van Stortenbeker’ owah dadi “Kang Setrobeko”

Petruk
Ora kaya asal-usule tembung aran nala gareng, embuh arep kepriyea wae kae, ning wis ana Ki Dhalang utawa malah kepara wis kaprahe para dhalang padha “jajal-jajal” merdeni apa makna lan murade tembung aran iku mau. Ing antarane iya kaya sing kasebut ing ngarep mau.
Beda karo tembung aran Petruk. Nganti seprene durung nate kaprungu wartane kok ana Ki Dhalang sing wani merdeni jeneng Petruk iku. Kaprahe Ki Dhalang mung padha milsafati paraban-parabane wae. Lha parabane Petruk iki (1). Dawala, tegese iki ujare : wis “dawa” tur “ala’ pas karo prejengane Petruk; (2) Ronggojiwan, maknane iki kandhane “loro tanggung, siji kedawan:, iya trep karo wujude Petruk, (3). Petruk Kanthongbolong, iki ujare Ki Dhalang asale saka tembung basa Kawi ‘patrap’ sing jarwane tindak tanduk utawa pakarti, dene tembung Kanthong iku darbe teges wadhah, lan tembung Bolong iku maknane terus entek/boros. Dadi miturut ujare Ki Dhalang iku, Petruk iku mujudake gegambarane wong sing seneng weweh, seneng tetulung tanpa pamrih, seneng sedhekah. Nganti kebutuhan awake dhewe kurang. Nglungguhi bebasan “blaba wuda” ngono kae. Saking lomane nganti awake dhewe ora kumanan. Mula sandhangane Petruk sarwa prasaja.
Blegere Petruk ing wayang kulit purwa dedege dhuwur, tangane lan sikile dawa, uga irunge. Iki nuduhake yen watake Petruk sarwa longgar. Jejeg pikire lan kena dipercaya, mrantasi sabarang karya. Dedeg dhuwur, tangan lan sikile dawa minangka simbul wong kang dhuwur gegayuhane, irung dawa simbul bisa angganda endi kang becik lan ala, saengga bisa ngendhaleni kekarepane. Tutuke mesem, tandha yen atine ora tau susah lan ora angkuh. Kalamenjing gedhe yen nyuwara gedhe arum lan nywara cilik bening. Dhadha jembar, berbudi bawa leksana, kalungan gentha. Bangkekane nyengkelit pethel kinarya piranti yen nemoni baya pakewuh. Wudele bodong. Iku panyandrane Ki Dhalang marang Petruk Kanthongbolong.
Ning jeneng Petruk “an sich” jan durung ana dhalang sing wani nggarap. Petruk iki adhine Nala gareng. Kaya sing wis kasebut ing ngarep mau, jeneng Nala Gareng iku asale saka basa Arab lan ndunungake apa tugas bakune sing konsepsional saben Juru Dakwah duking uni, ning uga ing jaman saiki, malah lumintu tekan jaman sing bakal teka... ilaa yaumul qiyamah, nganti teka suk dina Kiyamat pisan. Dadi, jeneng Petruk iki cetha mesthi “nunggal misah” ing asal usul basane lan makna murade karo jeneng Nala Gareng.
Petruk, basa Jawa ing Padhalangan Wayang Kulit Purwa iku asal usule saka basa Arab “Fat-tuk” sing tegese “ninggalake’ Sabda dhawuh ing basa Arab iku jane malah pucuking ukara wejangan Tashawwuf sing uriine : “ Fat-ruk kullu man silurallahi” sing jarwane ‘sira ninggalna sakabehing sesembahan saliyane Allah Taala’. dadi paraban Kanthong Bolong iku mau iya laras karo werdine jeneng Petruk, yaiku aja nganti tinggal Gusti Allah.
Cetha banget yen werdine jeneng Nala Gareng kae mau nuduhake tugas bakune sing konsepsional saben Juru dakwah Islam, makna murade jeneng Petruk genah nuduhake watak bakune sing konsepsional saben Juru dakwah Islam iku. Nora liya yaiku: Babarblas tinggal Slewengan Milik Melok Nggendhong Lali. .Marang Gusti Allah. Konform ayat Al-Quran:” Mukhlishina lahud diina khunafaa” Jarwane: Tulus ikhlas miturut prinsip ajarane Agama Islam akanthi condhonging ati.
Bagong
Pondhok Pesantren Jampes, sawenehing pondhok pesantren gedhe lan ewon santrine ing dhaerah Kediri, putra kakunge Rama Kyai Jampes iku asmane Gus Ihsan. Nadyan Gus Ihsan iku akhire wis jumeneng minangka pangarsane Ponpes, nglungsur kalenggahane ingkang rama, nanging ora wurung asmane sing kasusasra iya isih Gus Ihsan. Kala timure nganti kala narayanane, Gus Ihsan iku kasusasra minangka pandhemen “berat” pagelaran wayang kulit. Ora mung dipecuk adegan Limbukan lan Gara-Gara wae, nanging malah wiwit jejeran nganti tekan tancep kayon. Tur maneh lenggahe iki milih mepet kothak, Ora perlu dicritake ing kene patrape Gus Ihsan mangkono iku ndadekake gawoking jagad pesantren Jampes lan pesantren sa Jawa Wetan, malah ing sajaban kono pisan, kalingana, bareng wusanane Bapa Kyai Ihsan iku ing kitab karyane basa Arab tulen ngomentari kitab Tasawwuf anggitane Imam Ghazali sing karan “Minhaajul’ Abidiin”. Jarwane “Dalan gedhene para Alaku Kumawula marang Gusti Allah,” lagi wae jagad pasantren mau mangerti apa gunane Gus Ihsan mau-maune “nyandu” mriksani pagelaran wayang kulit. Jer ana ing kitab komentar karyane mau “terbayang” inti sari oleh-olehane saka mriksani nganti byar-byaran mau.
Kitab komentar basa arab besus tulen mau binabar ing Mesir lan sumebar ing pawiyatan luhur ing kana kayata Universitas Al Azhar, nganti kawuningan dening Raja Fuad, ramane Raja Farouk dhuk rikala semana, sing banjur mahanani Kyai Gus Ihsan ‘linamar” supaya kersa pindhah manggon ing Mesir, maringi kuliyah Ilmu Tashawwuf ing Unmversitas Al Azhar sing kaloka sajagad iku. Gus Ihsan munjuk sewu nembah nuwun akanthi nyuwun mbanyu milining pangestu sinambi nyanyadhong karilaning Gush Allah arsa lastari tetep tunggu Ponpes Jampes sing jan ora bisa ditinggal.
Werdhine jeneng Bagong
Watara taun 1920-an ing desa Popongan kang klebu wewengkon Bagelen, Jawa Tengah, ana Ki Dhalang kaceluk sing sok merdeni jeneng Bagong, putra wuragile Ki Lurah Semar, adhakane mirunggan ana ing adegan gara-gara. Gus Ihsan uga nate mriksani pagelarane. Ujare Ki Dhalang Popongan mau, jeneng Bagong iku sekawit pinirid saka kahanane... dhuwit ringgit emas Kasultanan Turki Usmaniah sing ana ing pasaran Tanah Jawa kene karan “bagong” Bagong dhuwit iki karo bagong anake Semar ing wayang purwa kae meh diarani padha bundere.
Mungguhing dhuwit Kasultanan Turki “bagonge” iku wujude gedhe dhewe. Lan mungguhing para wayang Semar, Bagong iku iya awujud gedhe, luwih gedhe amblender pisan katimbang Nala Gareng. Sipat “bunder” pawujudane Bagong iku nuduhake kamanungsane Si manungsa wayang sing jeneng Bagong iku asipat ‘wutuh’ora pating kruwil. Wutuh sing sudi ing bebener, suthik ing bebatil. Mula kiprahe Bagong ana ing pakeliran iya kanyatan sarwa sudi bekti marang sapa wae, bendara apa kadangwreda, sing alaku beber, tengik suthik marang sing alaku dudu, Sudi bela marang bendarane putri sing kerep tinilar garwa, datan tahataha nyerang kritik marang Petruk apa Nala gareng, ing kalarie padha alaku palsu Winawas saka arahing para Wali, jeneng Bagong iku asal usule ora liya saka tembung basa Arab “bagha” sing tegese brontak. Pas karo blegere Bagong ana ing pakeliran yaiku sarwa mbrontaki kahanan apadene laku sing dianggep ora bener.
Kacarita dening para sepuh, wayang kulit ing jaman Kasultanan Pajang, ora nganggo wayang panakawan Bagong, nadyan anane Bagong ing pakeliran iku jan-jane minangka warisan saka jaman Kasultanan Demak Bintara. Nalare, miturut pangandikane para winasis, mbokmenawa jalaran sultan Hadiwijaya, tedhak pancer Pengging, jane iya rumangsa panjenengane kuwi ora nduweni “hak” jumeneng nata ing Pajang. Kamangka panjenengan dalem nata Demak Bintara kang pungkasan, Sultan Trenggana iku yektine uga kagungan putra kakung sing “wutuh’ : yaiku Pangeran Timur.
Iya pangeran Timur iki nadyan kala semana isih cilik, ning iya miturut Hukum Waris Islam lan uga miturut pranatan hukum waris Kasultanan Demak satemene kagungan hak jumeneng nata nggenteni kalenggahane ingkang Rama, sultan Trenggana,” lan dudu Jaka Tingkir sing kalenggahane mung dhapur putra mantu. Lan iya laku dudu sing mangkono iku sing konsepsional dibrontaki dening Bagong. Mula wayang kulit jaman Pajang iku banjur emoh nganggo wayang Bagong.
Anehe wayang kulit gagrag Surakarta (Sala) nganti tekan jaman kawitan sapulihe Kedaulatan Indonesia ing jaman Republik kita iki kok iya tanpa nganggo wayang Bagong. Ujaring para winasis, mbokmenawa amarga saka salah tindake Paku Buwanan ingatase Kraton Kejawen kok nganti secara “de yure” diduweki lan dikuwasani dening Walanda. Kamangka iya bangsane tindak salah mangkono iku sing konsepsional ing pakeliran dibrontaki Bagong. Mula wayang kulit ing Kraton Surakarta iya banjur anti Bagong. Muncule Bagong ing jagading pakeliran Surakarta ing taun 60-an kanthi ancas kanggo luwih ngregengake pakeliran.
Baca Juga : Asal-usul Filosofi Panakawan (1)
Ning eloke, wayang kulit Ngayogyakarta kok malah wis wiwit jaman jamajuja nganti tekan seprene tansah nganggo Bagong. Mung jalaran BRM Sujono iya Pangeran Mangkubumi sing wusanane jumeneng nata kanthi jejuluk Sri Sultan Hamengkubuwono I. Sultan Ngayogyakarta kawitan iki sing “mbagongi” iya mbrontaki tumindake Kompeni Walanda sing tansah melu campur tangan tumrap urusan kraton Surakarta Hadiningrat. (Nn- Noeg).
Sumber : Panjebar Semangat No.22-28 Mei 2016

0 Response to "Asal-usul lan Filosofi Wayang Panakawan (2)"

Post a Comment