Geguritan Bahasa Jawa "Gendera", "Lengen Kiwa Ibu"

Gendera
Rini Tri Puspohardini

Ing dalan pating klebet
Abang ijo kuning lan biru
Sakawit aku ngira
Pengetan kamardikan wis meh teka
Utawa pentas dhangdhut ing lapangan

Jebul ora
Sing mobat-mabit katiyup angin kae
Dudu umbul-umbul iklan  rokok
Nanging sajak luwih dening semuwa
Gendera kang mapag krisis negara
Nanging sapa sing bisa percaya?
Ing kene dhuwit pating bleber ngarep irung
Akeh begawan mudhun gunung
Grapyak semanak ngumbar esem turut lurung

Oh, saiki aku ngerti
Sing pating klebet abang ijo kuning lan biru
Jebul gendera lelayu
Atur bela sungkawa
Marang patine ewuh pakewuh
Lan sadhengah rasa duweke calon punggawa

Sumber: Kidung saka Bandungan, 2004

Lengen Kiwa Ibu
dening : Yusuf  Susilo Hartono

Lengen kiwa Ibu yaiku suwarga
tumprape sadhengah uwong
Ing lengen kono bayi-bayi Jawa dikudang
karo selendhang bathik lan gendhing dolanan
Lengen kiwa ibu tansah sabar dadi bantal
pangimpen tarunaning bangsa

Nanging saiki lengen kiwa ibu-ibu mudha
kang alus mulus lan wangi
wis ora nampa pangimpen lan eluh tumetes
saka tangis geter nalika wis ana baby sitter

Malahan ing dina mburi iki, “kartini-kartini”
akeh kang katut kabudayan urip nglajang
lan suwarga ing dlamakane dimen muspra
kemajuan jaman jarene

0 Response to "Geguritan Bahasa Jawa "Gendera", "Lengen Kiwa Ibu""

Post a Comment